poem- Lintang

LINTANG

ngetia langit endah wengi iki
ngetia lintang-lintang kae
sing pating krelip wengi iki
mancarake cahyane
lan nggawe padhange ati

ngetia lintang kae
lintang iku kaya-kaya nggambarake pasuryanmu
kang endah sumebyar kabahagyan
kang nggawe kangene ati

keliping lintang madhangi jagad
padhang.. padha padhange karo atiku
kaya-kaya lintang iku kowe
siji-sijine sing ana ing ati
kang nggawe pepadhang jroning jiwa

Comments

Popular posts from this blog

Unsur Intrinsik Legenda ‘Keong Emas’

REINFORCEMENT DAN PUNISHMENT

PERTANYAAN SEPUTAR ALKALI