ANOMAN OBONG

ANOMAN OBONG

Anoman Duta utawi Anoman Obong menika nyariosaken lelampahanipun Raden Anoman inggih Senggana ingkang dipun utus ratu gustinipun Prabu Ramawijaya, nata ing negari Pancawati, supados nakyinaken kawontenanipun Rekyan Wara Sinta (garwanipun Prabu Rama) ingkang dipun dustha (diculik) déning Prabu Dasamuka inggih Rahwana, nata ing negariNgalengkadiraja,
Anoman anggenipun lumawat wonten ing negari Ngalengka dipun kantheni dening para anila,jembawan, sumawana Bagong lan dipun biyantu dening kadhang Bayu (sedherekipun Anoman ing sami-sami kaputra dening Bathara Bayu ingkang cacahipun wonten sanga inggih menika, Bathara Bayu, Bayu Kusuma (Wrekudara nanging dèrèng lair ing marcapada), Wiljajahwreka, Liman Situbandha, Garuda Mahambira, Sarpa Nagakuwara, Anoman piyambak, tuwin gunung Maenaka).
Nalika Anoman badhe tumuju ing negari Ngalengka lampahipun kepalang samudra. Anoman lajeng dipun tulungi dening Gunung Maenaka kanthi dipun uncalaken saking pucuking redhi tumuju ing negari Ngalengka. Nalika wonten ing gegana, Anoman kraos dipun serot saking salebeting samodra saengga lumebet ing samodra. Pranyata Anoman dalah para panakawan dipun serot dening Ditya Wil Kathaksini lan lajeng kaunthal lumebet ing wadhukipun raseksa prajineman Ngalengka menika. Wadhuk lajeng kasudhet mawi kuku Waja (wonten kadhang dhalang ingkang nyebat Kuku Pancanaka inggih mangga kemawon, namung kemawon sapangertosan kula bilih kuku Pancanaka menika kagunganipun Raden Wrekudara. Ditya Wilathaksini sirna margalayu. Anoman lajeng nerusaken lampahipun.
Sasampunipun Anoman dumugi ing tepis wiringing negari Ngalengka, Anoman dalah para panakawan kraos luwe sanget, tumuli lajeng sami padhos warung. Dumadakan ing mriku wonten satunggaling warung ingkang mandhe woh-wohan lan dhaharan saha unjukan.Ingkang mandhe awujud wanitya ingkang sanget sulistya ing warni. Anoman saha para Panakawan lajeng sami jajan wonten ing mriku. Lan sajakipun Anoman ingkang wekdhal menika taksih mujudaken jaka-tumaruna ugi lajeng kepranan kaliyan ingkang mandhe, wusana ngantos dumados sesambetan saresmi (hubungan seksual) kaliyan wanita menika. Sareng cekap anggenipun sami suka pari suka, Anoman dalah para Panakawan lajeng pamit badhe nglajengaken lampah. Nanging dereng nganthos Anoman tebih saking papan mriku, dumadakan Anoman lan para Panakawan paningalipun sami mboten saget kangge ndhulu saengga dados wutha. Jalaran wanita ing sesadheyan menika jebulipun garwa seliripun Prabu Dasamuka ingkang sesilih Dewi Sayempraba ingkang pancen dipun utus dening Prabu Dasamuka supados ngalang-alangi tetiyang ingkang dados dutanipun Prabu Rama. Woh-wohan saha dhaharan ingkang dipun tedha dening Anoman tuwin para Panakawan menika pranyata sampun dipun paringi racun ingkang saget anjalari wuta tiyang ingkang nedha. Mila Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng nandhang wutha. Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng sami tetangisan nggetuni dumateng lelampahanipun ingkang nembe kemawon dipun lampahi. Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng sami mbacutaken lampahipun senajan kanthi grayah-grayah amargi sami mboten sumerep margi.
Kacarita ing tengah margi, Anoman kepanggih kaliyan Garuda Sempati kadhangipun Garudha Jatayu ingkang sampun sirna dipun pejahi dening Prabu Dasamuka rikala badhe mitulungi Dewi Sinta ingkang dipun dustha Dasamuka kanthi ngambah ing gegana.Garuda Jatayu sirna kasabet pedhang Menthawa dening Prabu Dasamuka.
Sasirnanipun Jatayu, Dewi Sinta lajeng dipun betha wangsul Prabu Dasamuka tumuju ing Ngalengka lan lajeng dipun papanaken ing Taman Argasoka (Taman Sokka) ingkang dipun jagi para prajineman (prajurit sandhi) Ngalengkadiraja ingkang awujud raseksa.
Wangsul bab Anoman ingkang sampun pianggih kaliyan Garudha Sempati. Anoman dalah para Panakawan lajeng dipun usadhani kaliyan Garudha Sempati saengga saget waluya jati (saget mriksani malih). sasampunipun lerem sawetawis ing papan mriku, Anoman lajeng nglajengaken lampah tumuju ing negari Ngalengka. Tindhakipun Anoman nglangkungi margi ingkang alus sanget pindha babut. Nanging jebulipun margi ingkang ketingal alus sanget menika jebulipun sanes margi ingkang limrah nanging jebulipun mergi menika ilatipun (lidah) Ditya Ilatmeja inggih Wil Kathaksa ingkang dipun gelar saengga Anoman mboten nglegewa menawi lumebet wonthen tutukipun yaksa menika. Sareng sampun dumugi wadhukipun Ditya Ilatmeja, Raden Anoman nembe sadar meniwi piyambakipun sampun wonten wadhukipun yaksa. Wadhukipun Ditya Ilatmeja lajeng dipun bedhah mawi "kuku Waja" (wonten kadhang dhalang ingkang nyebat kuku Pancanaka inggih mangga mawon, jalaran menawi saking pemanggih kula kuku Pancanaka menika gadhahanipun Raden Wrekudara). Ditya Ilatmeja lajeng sirna margalayu amargi wadhukipun jebol.
Anoman lajeng nglajengaken lampah.Sareng dumugi baluwerti Ngalengkadiraja, Anoman lajeng mlebet wonten ing Taman Asokka kanthi mlumpati baluwerti saperlu manggihi Rekyan Wara Sinta. Anoman lajeng sesingidan wonten ing wit Nagasari saperlu ngulati kawontenan murih sampun nganthos kesumerepan dumateng para yaksa prajineman ingkang jagi taman. Sareng kawontenan sampun sepen, Anoman lajeng tetembangan wonten ing mriku saengga kepireng Dewi Trijatha (putrinipun Raden Gunawan Wibisana,rayinipun Prabu Dasamuka, ingkang tinanggenah ngladhosi Dewi Wara Sinta). Dewi Trijatha ugi lajeng nyaketi suwanten menika kang mboten sanes suwantenipun Anoman. Anoman sumerep Dewi Tijatha sanalika nandhang asmara/gerah wuyung.
Nyumurupi wonten riwandha (kethek) ingkang ulesipun putih memplak kadhos kapas, Dewi Trijatha sanget kesengsem. Anoman lajeng dipun lus-lus kanthi dipun pangku saengga Anoman nganthos mijil kamanipun (air mani) lan dumawah wonten pangkonipun Dewi Trijatha. Kama lajeng dipun usap mawi ron kamal, lan dipun bucal ing bengawan. Kamanipun Anoman ingkang korut wonten bengawan menika lajeng dipun openi dening Dewi Pratalawati (garwa seliripun Prabu Dasamuka) ing negari Guwa Pratala (mapan ing dhasaring samudra) ingkang ing tembenipun lajeng dados jabang bayi wujud wanara seta ingkang dipun paringi nami Raden Trigangga inggih Triyangga. Trigangga ugi lajeng kaaken (dipu angkat) putra ingkang angka kalih (dawah enem), jalaran Dewi Pratalawati sadherengipun panci sampun kagungan putra patutan kaliyan Prabu Dasamuka ingkang sesilih Raden Bukbis inggih Raden Pratalamaryam/Kunthalamaryam.
Wangsul bab Anoman ingkang nembe lumebet ing Tama Asokka. dening Dewi Trijatha, Anoman lajeng dipun sowanaken dumateng Dewi Sinta. Ing mriku, Anoman lajeng maringaken sesotya (ali-ali/cincin) agemipun Prabu Ramawijaya. Menawi Sesotya menika dipun agem Dewi Sinta saget "pas", tegesipun mboten sesak utawi lobok pratanda yen Dewi Sinta dereng nate karasuk dening Prabu Dasamuka. Lan kabukten sesotya menika ugi pas dipun agem wonten dirijipun Rekyan Wara Sinta ingkang nedhahaken bilih Dewi Sinta taksih suci. Dewi Sinta ugi lajeng maringi ageman susuk kondhe pinangka pralambang bilih Dewi Sinta sanget ngajeng-ngajeng rawuhipun Prabu Ramawijaya.
Nalika Anoman nembe wawan pangandhikan bab kasugenganipun Prabu Ramawijaya dalah ingkang rayi Raden Laksmanadewa/Laksmana Widagda, tuwin para pwana Pancawati, dumadakan kapriksan para prajurit Ngalengka. Anoman lajeng badhe dipun cepeng nanging bonggo. Wusana ndadosaken bandayuda.
Gelising carios, Anoman saget kapikut dening Raden Indrajid inggih Meganandha, putranipun Prabu Dasamuka, lajeng dipun sowanaken wonten ngarsanipun Prabu Dasamuka. Anoman lajeng kapidhana pejah kanthi dipun obong wonten ing alun-alun Ngalengka. Nalika dipun besem, eloking kawontenan, Anoman mboten saget tumama (kobong), malah grama ingkang kinarya mbesem Anoman menika dipun awut-awut saengga Kraton Ngalengka kobong. Kathah prajurit ingkang sami tiwas saking pangamukipun Anoman. Sareng negari Ngalengka sampun kobong, Anoman tumuli nglajengaken lampah saperlu wangsul sowan wonten ngarsanipun Prabu Ramawijaya ing Pancawati.
Ing tepis wiringing samudra ingkang misahaken antawisipun Nagari Ngalengka kaliyan Pancawati, Anoman manggihi satunggaling tiyang ingkang kapidhara (semaput) mbothen imut purwa duksina. sareng dipun usadani, pranyata tiyang menika mboten sanes kejawi raden Wibisana (rayinipun Prabu Dasamuka) ingkang dipun kepruk "paidhon /kecohan" (bokor) amargi sampun wantun caos atur pamrayogi supados Rekyan Wara Sinta dipun kondhuraken dumateng Prabu Rama.
Salajengipun Raden Wibisana lajeng dipun kanthi Raden senggana sowan wonten ing Pancawati. Ing negari Pancawati, Wibisana lajeng dipun aken minangka kadhang anemipun Prabu Ramawijaya lan dipun paringi jejibahan minangka dados "penasehat" raja. Inggih amargi saking pamrayoginipun Wibisana menika, tundhanipunpara wadyabala tuwin seniapti-senopati Ngalengka saget dipun wuningani anggeranipun (rahasia hidup matinya) saengga saget dipun sirnakaken, kalebet Prabu Dasamuka.

Tokoh-tokoh lan watake :
1.      Anoman          : Santosa ing tekad, jujur, kendel, bekti lan setya, waspadha.
2.      Prabu Rama     : Bela kautaman, belani tumindak leres, jejegaken prakawis kanthi adil, ngayomi para brahmana miwah para kawula.
3.      Dewi Shinta    : Setya dhateng garwa, temen, prasaja, sabar, narima.
4.      Raden Laksmanadewa : Jujur, bekti dhateng sadherek sepuh, santosa ing tekad, tansah bela ingkang leres, jejegaken prakawis kanthi adil, remen ngayomi saha paring pitulungan dhateng tiyang sanes ingkang sangsaya saha kaaniaya.
5.      Prabu Dasamuka         : Sumongah sesongaran, wengis lan kejem, licik.
6.      Wibisana         : Jujur, bela kautaman lan barang leres
7.      Punakawan :
a.       Semar        : Sabar, tansah paring sesuluh bab falsafah gesang.
b.      Gareng      : Prasaja, temen remen geguyon.
c.       Petruk        :Jujur, tansah bela ingkang leres,setya tuhu dhateng bandara.
d.      Bagong      : Nakal, lugu, lucu, remen guyon, kados lare alit.
8.      Bathara Bayu : kendhel, prasaja lan meneng.
9.      Garuda Sempati          : Setya, bekti dhateng sadherek.
10.  Dewi Trijatha : Setya bekti dhateng guru laki lan gusti, tanggel jawab, bela dhateng tindak leres lan kautamen.
11.  Dewi Pratalawati        : Open, ikhlas, lan narima.

12.  Dewi Sayempraba       : Ayu nanging licik, kejem.

Comments

Popular posts from this blog

Unsur Intrinsik Legenda ‘Keong Emas’

REINFORCEMENT DAN PUNISHMENT

Post Anestesi Score