pidato- RELEVANSI PENGETAN VALENTINE DAY ING WONG MUSLIM

RELEVANSI PENGETAN VALENTINE DAY ING WONG MUSLIM


Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak/ibu ingkang kinurmatan.

Rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin kita ngaturaken puji syukur dhateng Allah SWT ingkang paring rahmat lan hidayahipun ing kita sedaya. Ugi kula aturaken maturnuwun kagem hadirin amargi saged dumugi ing acara niki.

Hadirin ingkang kinurmatan, akhir-akhir niki kathah tiyang ingkang sami ngrayakake dinten Valentine (Valentine Day). Punapa kita ngertos apa artinipun Valentine? Tumrape tiyang muslim dinten Valentine mboten cocok kangge dirayakaken, amargi dinten Valentine punika perayaan pesta jamuan (Supercalis) ingkang diwontenaken bangsa Romawi sing dikaitaken kaliyan upacara saserahan kapundhutipun Pedro St. Valentino ingkang pejah tanggal 14 Februari 270M. Upacara punika dipun sebat dinten kasih sayang/ Valentine Day.

Sakniki kathah tiyang ingkang namung melu-melunan ngrayakake Valentine tanpa ngertos sejarahe Valentine.  Ngrayakake momen Valentine Day punika kanthi ijol-ijolan kado, ngewehi ucapa selamat, serta ngawontenaken pesta.

Menawi dipun pirsani saking sejarahe, dinten Valentine mboten saking budaya Islam. Valentine namung karangan pikirane wong sing dipunterusake dening pihak gereja. Ajaran Islam ngaken kita supados urip ing kasederhanaan, nanging umumipun Valentine dirayakaken kanthi ngawontenaken pesta meriah. Perayaan Valentine saben taunne difokusaken ing tanggal 14 Februari. Sejatine, kangge ngungkapaken kasih sayang mboten namung butuh wekdal sedinten, nanging kasih sayang punika kangge selawase. Islam ngutus pemeluk-pemelukipun maringi kasih sayang ingkang abadi maring sesami. Amargi hal-hal kasebut, kita mboten sepantese fokus ing 14 Februari kangge ngungkape kasih sayang kita.

Dados, perayaan dinten Valentine mboten pareng diartikaken kasih sayang ingkang berlebih utawi ucul saking norma-norma sing wonten ing agama Islam. Valentine angsal kemawon dipun pengeti nanging kedah tetep berpedoman ing ajaran agama.

Cekap semanten pidhato kula. Menawi wonten atur kula sing mboten mranani ing penggalihipun hadirin kula nyuwun agunging pangaksami. Maturnuwun kawigatosan hadirin sedaya.

Wassalamualaikum Wr. Wb


Comments

Popular posts from this blog

Unsur Intrinsik Legenda ‘Keong Emas’

REINFORCEMENT DAN PUNISHMENT

PERTANYAAN SEPUTAR ALKALI